Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

contoh tembung garba dalam bahasa jawa

contoh tembung garba dalam bahasa jawa

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kula arep posting materi tembung garba (sandi) basa Jawa. Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan. Ing ngisor iki tuladhane.

aglis               saka : age               + gelis
aneng             saka : ana               + ing
araneki           saka : arane            + iki
dadyewuh      saka : dadya           + ewuh
dhemenyar     saka : dhemen       + anyar
dupyarsa        saka : dupi             + arsa
jalwestri         saka : jalu              + estri
jiwangga        saka : jiwa             + angga
kadya             saka : kadi             + kaya
kajuwareng    saka : kajuwara     + ing
kalokeng        saka : kaloka         + ing
kalyan            saka : kalih            + lan
kapyarsa        saka : kapireng      + arsa
kawindra       saka : kawi            + indra
lagyaning      saka : lagi              + ning
lagyantuk      saka : lagi              + antuk
lebdeng         saka : lebda           + ing
lumakweng   saka : lumaku        + ing
lumebweng   saka : lumebu        + ing
maharsi         saka : maha           + resi
mahmeru       saka : maha          + meru
mahraja         saka : maha          + raja
malebweng   saka : malebu       + ing
munggwing  saka : mungguh    + ing
murbeng       saka : murba         + ing
murweng      saka : murwa        + ing
narendra       saka : nara            + indra
narpati          saka : nara            + dipati
narpendah    saka : narpa          + endah
nateng          saka : nata            + ing
nujwari         saka : nuju           + ari
prameswari  saka : parama       + iswari
prapteng       saka : prapta        + ing
prawirotama saka : prawira     + utama
prawireng     saka : prawira     + ing
priyagung     saka : priya         + agung
priyangga     saka : priya         + angga
ratwagung     saka : ratu           + agung
ratwelok        saka : ratu           + elok
sarotama       saka : sara           + utama
sarwendah     saka : sarwa       + endah
sedyarsa        saka : sedya        + arsa
sinom            saka : si              + enom
sireku            saka : sira           + iku
sitinggil         saka : siti            + inggil
sugyarta         saka : sugih        + arta
sumbangsih   saka : sumbang   + asih
surendra         saka : sura          + indra
sureng            saka : sura          + ing
taksyalit         saka : taksih       + alit
tankocap        saka : tanpa        + ucap
tumengeng     saka : tumenga   + ing
tumekeng       saka : tumeka     + ing 
tumujweng     saka : tumuju     + ing
wirotama        saka : wira         + utama
yeku                saka : ya            + iku
  
Ing ngisor iki tuladhane ukara kang nganggo tembung garba :
1.    Aneng, yaiku saka tembung Ana + Ing. Tegese yaiku ana (ada) ing (di / manggon). 
Contone : Bapak macul aneng sawah.
2.    Taksyalit, yaiku saka tembung Taksih + Alit. Tegese yaiku taksi (masih) alit (kecil). 
Contone : Adikku taksyalit.
3.    Lumebeng, yaiku saka tembung mlebu + ing. Tegese yaiku mlebu (mlebet / masuk) ing (di / manggon). 
Contone : Ana ayam lumebeng sumur. Lsp

Kapustakaan :
Abikusno, PEPAK BASA JAWA, Pen. Express, Surabaya, 1996. 

Samene wae postingan kula, mugi-mugi manfaat.
Wassalamu’alaikum Wr Wb



0 Komentar untuk "contoh tembung garba dalam bahasa jawa"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top