Blog for Learning

| lesson material | material summary | questions and answers | definitions | types and examples | other information | materi pelajaran | ringkasan materi | pertanyaan dan jawaban | definisi | jenis-jenis dan contoh-contoh | informasi lainnya |

Powered by Blogger.

Pages

Contoh Sanepa Beserta Artinya

Contoh Sanepa Beserta Artinya

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kula arep posting materi sanepa Basa Jawa. Sanépa iku unèn-unèn sing tegesé mbangetaké nanging nganggo tembung kosok balèn. Sanépa iku ukara pepindhan kang kadadéan saka dhapukaning tembung watak lan tembung aran. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

Ambune arum jamban          = Ambune banger banget.
Awake kuru semangka         = Awake lemu banget.
Awake lemu biting               = Awake kuru banget.
Balunge atos debog              = Balunge empuk banget.
Banyune bening peceren      = Banyune buthek banget.
Barange aji godhong garing = Barange ora aji banget.
Bobote abot kapuk               = Bobote entheng banget.
Bobote abot merang sagedheng = Bobote entheng banget.
Cahyane abang dluwang      = Cahyane pucet banget.
Dedege dhuwur kencur        = Dedege cendhek banget.
Empuk watu                         = Atos banget.
Enggale suwe banyu sinaring = Wektune cepet banget.
Eseme pait madu                = Eseme manis banget.
Gunemane pahit juruh        = Gunemane manis banget.
Kawruhe jero tapak meri    = Kawruhe sathithik banget.
Kulitane wuled godhong lumbu = Kulite mbedhel banget.
Kulite ireng mori                = Kulite putih banget.
Legi asem jawa                   = Kecut banget.
Lemune benjo tampah        = Lemune bunder banget.
Matane kedhep tesmak       = Matane mentheleng.
Mripate sipit mripat iwak   = Mripate amba.
Pakulitane kuning silit kwali = Pakulitane ireng banget.
Pamandenge kedhep tesmak = Pamandenge njinggleng.
Pedes gula jawa                    = Legi banget.
Pikirane landhep dhengkul   = Pikirane bodho banget.
Playune banter bekecot         = Playune rindhik banget.
Playune lonjong botor (mimis) = Playune banter banget.
Playune rindhik asu digitik    = Playune banter banget.
Polahe anteng kitiran             = Polahe akeh banget (rongeh).
Rasane legi bratawali             = Rasane pait banget.
Rembuge peret beton             = Rembuge alus banget.
Sepi pasar                               = Rame banget.
Sesrawungane renggang gula, kumepyur pulut = Sesrawungane raket banget.
Tatune arang kranjang           = Tatune akeh (kerep) banget.
Tembunge pait madu             = Tembunge manis banget.
Tembunge resik peceren        = Tembunge rusuh banget.
Ulate bening leri                    = Ulate mrengut (mbesengut) banget.
Utange arang wulu kucing      = Utange akeh banget.
Wektune suwe mijet wohing ranti = Wektune sadhela banget.
Wujude agal glepung               = Wujude lembut banget.

Kapustakaan :
Abikusno, PEPAK BASA JAWA, Pen. Express, Surabaya, 1996.


Samene wae postingan materi sanepa Basa Jawa, mugi-mugi manfaat 😀.
Wassalamu’alaikum Wr Wb



2 Komentar untuk "Contoh Sanepa Beserta Artinya"

Silahkan berkomentar sesuai artikel

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top